Adicara wisudhan Panatacara tatan mudha bergadha 2 tahun 2011 bade kawontenaken ing dinten Selasa Legi malem Rebo Paing, 25 malem 26 Oktober 2011, watawis tabuh 19.00 WIB, mapan wonten Pendapa Kab. Ponorogo. Pahargyan agung menggahipun para warga Paguyuban Ngambar Arum punika ugi bade dipun rawuhi Bapa H. AMIN, SH (Bupati Ponorogo). Ngambar Arum Kuncara!!!
WISUDHAN PANATACARA MUDHA BERGADA 2
22 Sep 2011 Tinggalkan komentar
in Warta
Sasampunipun nglampahi pelatihan sakdangunipun 6 wulan, lan sampun tuntas-buntas anggenipun ngangsu kawruh- seserapan para siswa pawiyatan Panatacara-Pamedharsabda tataran mudha bergada 2 badhe kawisudha ing minggu kaping 4 wulan Oktober 2011 punika.
Panitya sampun dipun pilih, Ketua Panityanipun Sdr.Subroto lan Steering comitee dipun asta Sdr. Prasetya Misna. Prosesi Wisudhan ing Paguyuban Panatacara lan Pamedharsabda bergada 2 tahun 2011 punika mapan wonte ing Pendapi Kabupaten Ponorogo lan ugi ngrawuhaken Bupati ponorogo Bp. Amin, SH.
Petunjuk teknis Pendadaran ing Ngambar Arum
11 Jun 2011 Tinggalkan komentar
in Pawiyatan
JUKNIS PENDADARAN
SISWA PAWIYATAN PANATACARA DAN PAMEDHARSABDA
NGAMBAR ARUM PONOROGO
Oleh : Darmuji
- A. MATERI
Materi Pendadaran meliputi 2 (dua) kompetensi dasar di Pawiyatan yakni ; Kapanatacaran dan Pamedharsabda. Kompetensi dasar tersebut dipilah menjadi materi Pendadaran sbb:
- 1. Panatacara
- Murwakani adicara
- Janturan wiyosipun Penganten Putri
- Penganten Kakung rawuh-Panggih
- Sungkem-krobongan
- Kirab
- 2. Pamedharsabda
- Pasrah Penganten
- Panampen pasrah
- Pamedhar Sabda sanesipun ;
1) Panitia acara peringatan keagamaan
2) Nguntabaken Jenazah
3) Panitia acara peringatan besar Nasional
4) Lainnya
- B. WAKTU
- 1. Pelaksanaan pendadaran
- Pendadaran dilaksanakan minggu ke-1 bulan Agustus 2011, dan apabila belum tuntas pelaksanan pendadaran pada hari tersebut maka akan diselesaikan pada minggu ke-2 bulan tersebut.
- Tidak ada pendadaran susulan.
- 1. Pelaksanaan pendadaran
- 2. Alokasi waktu
- Alokasi waktu pelaksanaan sebagaimana jam pawiyatan, yakni; jam 13.30 s.d 15.00, dan jam 15.30 sd 17.00 WIB
- Alokasi waktu presentasi/penyajian tiap-tiap peserta minimal 6 menit dan maksimal 10 menit.
- C. TEKNIS
- Sebelum dilaksanakan presentasi/penyajian, setiap peserta akan mengambil undian materi yang akan disajikan dalam pendadaran.
- Penyajian materi disaksikan oleh seluruh warga paguyuban yang hadir, pengamat, peserta lain dan dinilai oleh tim penguji yang ditunjuk oleh Pangarsa pawiyatan.
- D. INDIKATOR-INDIKATOR PENILAIAN PARAGAN
- Magatra
- Malaksana
- Mawastha
- Malaghawa
- Maraga
- Matanggap
- Mawwat
- Micara
- E. TIM PENGUJI
Tim Penguji Pendadaran adalah seluruh dwija Pawiyatan dan ditambah pengurus inti Paguyuban yang ditunjuk oleh Pangarsa Pawiyatan.
- F. OUT PUT
- Dari pelaksanaan Pendadaran ini diharapkan bisa diambil hasil penilaian yang obyektif terhadap kemampuan dasar siswa pawiyatan bergada ke-2, sehingga bisa dijadikan dasar penulisan prestasi belajar siswa yang tertuang dalam surat keterangan kelulusan.
- Dari pelaksanaan pendadaran diharapkan bisa menjadi bahan kajian dan evaluasi terhadap proses KBM di Pawiyatan Ngambar Arum.
WILUJENG RAWUH WONTEN ING PAGUYUBAN PANATACARA LAN PAMEDHAR SABDA “NGAMBAR ARUM”
06 Apr 2011 Tinggalkan komentar
in Warta
Para Sutresna budaya Jawi
Paguyuban Panatacara lan Pamedhar Sabda NGAMBAR ARUM Ponorogo ngajeng-ngajeng rawuh Panjenengan, kinen ngregengaken Blog Paguyuban ingkang prasaja punika, ndherek nyengkuyung, memetri lan marsudi mrih ngrembakanipun budaya Jawi ingkang adi luhung. Kritik, saran, pemanggih, seratan ingkang asipat amimbuhi kasampurnanipun isi Blog punika lan ngrembakanipun Paguyuban saged dipun kintun dhumateng Blog Paguyuban utawi lumantar SMS Pangarsa Paguyuban (darmuji Ngambar Arum) Hp. 081 335 730 335. Matur suwun……
animo siswa ingkang ndherek Pawiyatan ing Ngambar Arum
30 Mar 2011 Tinggalkan komentar
in Warta
Pawiyatan Panatacara lan Pamedhar Sabda Bergada 2 ing Paguyuban Panatacara lan Pamedhar Sabda NGAMBAR ARUM Ponorogo pranayata kathah peminatipun. Nyata sutresna budaya Jawi ingkang kasengsem, ndherek-ndherek nggilut, memetri kabudayan saestu taksih kathah, katitik “kuota” siswa ingkang mestinipun namung 35 Calon siswa, ingkang daftar resmi lan mlebet sampu 62 calon siswa. Mugi-mugi ngrembaka, lestantun NGAMBAR ARUM lan budaya Jawi ingkang adi luhung. (dar)