SABDATAMA SANG PUJANGGA

 

Panåtåcårå

Anggêr wong biså gunêman nganggo nalar lan båså kang runtút, lumrah bae biså dadi panåtåcårå , sanadyan múng panåtåcårå tataran cêndhek utåwå prasåjå bangêt.
Wondene yen kêpengín dadi panåtåcårå sing apík, butúh kabisan sartå katrampilan mligi kang cukúp. Mangkono iku adate ora gampang.
Såyå yen nêdyå dadi panåtåcårå síng mumpuni, iyå butúh sarwåsarwi kabisan, katrampilan, lan kaluwêsan kang mumpuni. Isíh ditambah maneh biså njumbúhake wahyaníng mångså kålå, gumêlaríng êmpan papan, åpådene bawaníng kahanan kang trêp nalikå panåtåcårå ngayahi pakaryane. O, iyå, lan mêsthi bae butúh tumuruníng kabêgjan lan kanugrahan kang dadi karså sartå kaparêng-E.
Tumêkaning dinå iki panåtåcårå thukúl tuwúh ngrêmbåkå ngênút ing jaman kalakone, manút ing papan kadadeyanne, lan miturút ing gunå paedahe.
Ånå panåtåcårå kang múng kåyådene panggiyar (penyiar), pamåcå wårå-wårå, pambiwårå (announcer), reporter, pembawa acara, juru imbau, lan sabangsane kuwi.
Yen adhedhasar istilahe, panåtåcårå, cethå yåkuwi panåtå cårå utåwå panåtå acårå, gamblang sartå tandhese parågå síng tinanggenah nåtå acårå, nglantarake cak lakuníng acårå ing kawigaten tinamtu, kayåtå patemon, pahargyan, lan upåcårå. Kajåbå kang kasebút kuwi ånå panåtåcårå síng makaryå kanthi sinergi karo síng ngayahi babagan perlengkapan, pangrenggå papan, catering, fotografer, pangrenggå busånå, utamane karo warganíng panitya dalah síng amengku gati. Panåtåcårå banjúr kåyådene manager síng ngecakake prinsip management, wiwít melu gawe rancangan, ndhapúk parågå lan ayahan, melu nindakake, sateruse nitipríkså prosese, sartå nimbang nglelimbang asilíng pakaryan.
Panåtåcårå síng mumpuni ora múng minångkå manager, ngiras ngirús official, ngregem skenariyo, dadi sutradhara, pengarah acara, apadene biså nindakake ayahan jumbúh ing kawigatene.
Wose panåtåcårå tumuli melu dadi tetungguling parågå sing amúrbå amaseså púrwå madyå wasananíng kawigaten, nguwasani event utåwå upåcårå kang ginelar, to master the ceremony, wenang ingaran master of ceremony.
Saiki ånå fenomena panåtåcårå ugå jejer entertainer síng nyembadani entertainment bebarengan karo pemain musik, niyågå, penyanyi, pesindhen, dalasan parågå dhagelan.
Panatåcårå dadi profesi angabehi, pakaryan kang nyenengake, kapårå ndemenakake, migunani túr ngrejekeni.
Panåtåcårå kudu biså nggunakake båså síng apík lan  edi.
Nalika ngayahi jejibahan panåtåcårå ngudi, ngulír pikír, ngikal tembúng ukårå lan båså kang trep bener lan becík, dijumbúhake karo såpå síng pådhå midhangetake, såpå lan åpå síng digunem, dicundhúkake karo panggonan, wektu lan kahanane. Tulådhå, ing madyaníng pårå kawulå mudhå salumrahe, panåtåcårå síng wís unggúl pinunjúl ora muni mangkene : “Nuwún, kaparengnå matúr, tinebihnå ing godhå pangrencånå miwah sapudhendhaning sesiku ingkang sinandhang ing jaman sarwenå.
Pårå rawúh ingkang mahambeg berbudi båwå laksånå ing sanggyaníng laksitåtåmå denirå memardi rehíng kayuwanan dalasan pepunton peparingíng gesang deníng Ingkang Amúrbå Amaseså Sesiningrat Pramudita.” Ora.
Kajåba kawrúh dhasar babagan kawrúh umúm, teknologi, filsafat, kapitayan, kagunan båså lan sastrå, perlu lambaran kajiwan (logika, etika, estitika).
Seneng gladhen asíh asuh asah karo sesamaníng kadang profesi panåtåcårå.
Mugå pådhå biså dadi panåtåcårå síng mumpuni, kanthi bleger jejer, tindak tandúk, sumarambah tandang grayang, karenggep ing saptama iki :
1. Magåtrå : wewujudan, rupå, adi ing sarirå, edi ing
busånå, teges luwes sartå pantes.
2. Malaksånå : mlaku sapecak, sajangkah, ditåtå runtút,
manteb mrabu mrabåwå ; ora ingah-ingih, ora wigah-
wigih.
3. Maswasthå : ngadeg jejeg, ora kendho, ora dhoyong, lete
sikíl kiwå tengen ora keciyuten ora kamban.
4. Marågå : ora rongeh, ora edheg, ora gumeter ; kapårå
anteb anteng, obahíng awak, sirah, gulu, tangan prasåjå,
pasemoníng rai nggambar wigating ati.
5. Malaghåwå : trampíl kapårå trengginas ; ora remben
ngleler ; ora angas gas-gasan. Cag-ceg, lancar gancar
sembådå ing karyå.
6. Matanggap : tanggap ing swasånå, biså girang gembira
mesem ngguyu marang kang antúk kabegjan kanugrahan
mirunggan ; biså kucem luyu susah sedhih belasungkåwå
marang kang nandhang duhkitå.
7. Mawwat : tanggúh tatag tanggon prapteng ngendon.
Seger saras jiwå rågå ngentasi purwå madyå wasananíng
sedyå, siddhakaryyå.

PANÅTÅCÅRÅ
wús dadyå ayahanirå
lêladi ing bråyå sêsåmå
angrêgêm sartå anindakaké saptåmå
blêgêr jêjêr jênêg mrabåwå
jajag jumbúh jogíng jiwå rågå
tindak tandúk solah båwå anorågå prasåjå sarwapigunå ngikal ngudhar têmbúng ukårå lan båså
kacócógagé karo tataran kang pådhå miyarså
iråmå srêg trêp manékå mawarnå
mêmbat mêntúl mamêt wardåyå anuju prånå
tanpå kuciwå
ngadi sarirå ngèdi busånå
mangulah êmpan papan mångså kålå
anyrambah angukúp anyakúp wahyaníng swasånå
anglantar anggancar angróncé sêdyå wigati
“angrêgêm sartå anindakaké saptåmå
”minångkå gêgêbênganíng pakarti miwah pangudi
iku dadi utamaning sêsanti


Déníng : rama sudi yatmana

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

%d blogger menyukai ini: